Ibu Sartini :”Krungu-krungu
ana pagelaran wayang ing omahe Pak Jaka ya, Ndhuk?”
Ani :”Inggih Bu, Pak Jaka kagungan
kersa mantu Mbak Siska. Pak Jaka nanggap wayang kulit sawengi muput.”
Ibu Sartini :”Kapan kuwi, Ndhuk?”
Ani :”Malem Minggu, Bu.”
Ibu Sartini :”Kebeneran ngepasi malem Minggu,
dadi ora keganggu sinaumu.”
Ani :”Inggih Bu, kula lan
kanca-kanca badhe ningali sareng, punapa pareng Bu?”
Ibu Sartini :”Ya kena wae, nanging aja nganti
kewengen.”
Ani :”Inggih Bu, sak
derenge pukul 1 kula sampun wangsul.”
Ibu Sartini :”Butuh sangu pira, Ndhuk?”
Ani :”Matur nuwun Bu,
nanging kula tasih gadhah arta simpenan.”
Ibu Sartini :”Nak ngono ya Alhamdulillah, iki
wis mbengi kono lek turu!”
Ani :”Inggih Bu, matur
nuwun.”






0 komentar:
Posting Komentar